Citraan

Citraan inggih punika gambar-gambar ing dalem pikiran lan basa ingkang gambaraken. Citra utawi imaji (image) inggih punika gambar saking pikiran wau. Gambaran pikiran punika inggih namung efek ing dalem pikiran ingkang madani ingkang dipunasilaken saking penangkapan kito kaliyan objek ingkang saged dipunpirsani. Ing mriki tegesipun tembung kudu dimangertosi lang ing dalem gayutan iki uga tegesipun tiyang punika kudu saged dipunemut dados pengalaman inderaan saking objek-objek ingkang sampun disebutaken utawi diterangaken. Tanpo punika, tetep peteng gambaran punika uga pendamelan gambaran, kados pengalaman kito. Uga imaji klise utawi konvensional ngkang boten saged mènèhi efek puitis lan boten ngurip-urip gambaran, kados “kertas ingkang putih”, lan luweh efektif manawi dipunsebut “sedhereke pucet”.

Coombes (1980:42-43) ngendikakaken ing dalem asto penyair ingkang saé, imaji punika seger lan urip, ing dalem puncak kaendahanipun kanggé ngintensifaken, ngresikaken, imaji ingkang sampun sukses nolong tiyang ingkang ngraosaken pengalaman penulis kaliyan objek lan kaanan ingkang dipunalami mènèhi gambaran ingkang pas, urip, kiat, ekonomis, lan saged kito raosaken lan caket kaliyan urip kito. Citraan limrahipun luweh ngemutaken manawi dipunbandingaken kaliyan ndamel anyar kesan ing dalem pikiran, saéngga pemaos saged mlebet ing dalem kreasi puitis (Altenbernd:1970:13). Para pemaos saged gampil nanggepi prakawis ing dalem pengalamanipun ingkang sampun kasediakaken simpenan imaji-imaji kathah.


© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search